04 April 2006

Nalika kuwi ...

(Tulisan ini dalam bahas jawa, salah satu yang saya ingin sekali tetap kuasai sebaik-baiknya. Mohon maaf bagi yang tidak terbiasa dengan bahasa jawa. Berikut adalah cerita fiksi. Adanya kesamaan nama, waktu dan tempat hanyalah kebetulan semata.)

Aku bingung, kenapa dumadakan atiku sir-siran. “Ah, rambut kuwi“, atiku mbatin, tanpa sadhar ngunjal ambegan jero, sajak kaya kesengsem ing aruming kembang. Angel kagambarake, antarane rasa seneng, nanging uga katumpangan rasa isin semu khawatir, yen nyawang dheweke. Si rambut panjang, mangkono panyebutku tumprap dheweke, wis pirang-pirang minggu iki tansah cumanthel ing lamunanku. Nyawang dheweke lumaku metu saka kelas, dumadakan sikilku kaya kepaku, mbuh sepira suwene aku kaya patung, mung mripatku sing ora isa selak tansah tumancep ing dheweke.

“Nang, Nang, sadhar eh sadhar”, suarane Untung kancaku sakmeja nggugah kasadharanku, karo lungguh neng teras ngarep kelas. Rada gulagepan anggonku sumaur, “Ah. .. eh, ora kok, ora apa-apa”. Sajak srikutan anggonku melu lungguh, ora wani pandukan mripat karo dheweke. Mbuh kaya ngapa rupaku kang kebak ing isin, mesthine yo katon semu abang.

“Iki lho, otot-otot sikilku rada kaku merga basket wingi karo cah-cah”, anggonku mimbuhi sakwise kasil rada nglerem gotheking ati.

“Gayamu Nang, .. genah kowe kamitenggengen nyawang dheweke wae lho, ndadak nganggo alasan basket barang.” Untung nyondhol pundhakku karo ngguyu.”Wis kono, yen wani ngomong, ora mung direwangi ngalamun ngono kuwi”, ujare sinambi mripate sajak diplerak-plerokke ngece aku.

Bali goreh atiku, dipoyoki kaya mengkono. Tambah bingung anggonku arep wangsulan. “Lho, tenan kok, iki mergo basket wingi”, sumaurku sak-kecekele karo nylamur nuduhake sikilku.

“Wo-alah Nang, Nang, rugi olehku jejer karo kowe, yen nganti ora ngerti perkara iki. Wani botohan pira, yen nganti kleru pandumukku ? “ sinambi menyat ngadek neng ngarepku, si Untung ngethungake tangane sajak nantang aku wani menehi dhuwit piro. Isih ditambah dheweke ngguya-ngguyu sajak ngece.

Samsaya goreh atiku, “Wadhuh, konangan tenan iki mau”, batinku ora wani nyuwarake. Rodo sauntara si Untung anggone ngece, dene aku ya mung iso klecam-klecem ora bisa wangsulan, karo golek sawangan liya, mundhak ora katon olehe kisinan.

Tettt Teettttt …..

Swara bel menehi kesempatan, “Wis ah, ayo mlebu-mlebu”, gage-gage aku jumangkah supayane cepet uwal soko gumuyune si Untung. “Wah, kudu golek rekadaya iki supayane ora kedawa-dawa diece”, batinku karo mlaku tumuju mejaku. Untung isih tetap ngguya-ngguyu ngetutake lakuku.

***

Sawise adus sore mau, aku lungguh-lungguh neng teras samping. Daleme Budhe iki pancen kepetung amba. Neng ngarep teras samping iki, wit pelem gedhe mayungi latar, agawe idhum sanajan ing mangsa ketiga. Karo maneh, Budhe kuwi telaten ngopeni anggrek kang digantungake ing tembok taman. Anjalari swasana ing teras kuwi, pancen nyengsemake tenan.

Tanpa tak sengaja, klebating si rambut panjang wis ngebaki lamunanku, nalika nyawang anggrek kuwi. Pancen tak akoni, dheweke iso anggegurit jero ing atiku. Solah bawa kang rada giyak nanging tetep prasaja apa anane, grapyak marang sapa wae, kabeh kaya anggenepi pakulitan ireng manise. Saben-saben, dheweke katon kebak ing rasa percaya diri, ora kedher ngadhepi sakabehing suwasana. Tindak-tanduk saha tutur suwarane kebak ing cahyaning wong kang kaparingan pikiran pinter lan kaprabawan, mula ora nggumun yen para kanca seneng yen bareng kalawan dheweke. Mbuh kenapa, ana rasa ora lila, yen dheweke lagi gegojegan karo kanca-kanca.

“Kok dadi egois ya, kamangka dheweke dudu apa-apaku“, batinku nutuh, nanging aku mung mesam-mesem dhewe. Sakala kelingan nalika sepisanan rembugan karo dheweke.

“Hei Nang, mengko sore sida kerja bhakti ngresiki kelas opo ora ?”, pitakone kanthi giyak kaya biasane marang aku kang lagi nulis ing mejaku. Pancen saben tahun, ana kegiatan lomba kebersihan antar kelas neng sekolah. Biasane kabeh podho sigrak amrih bisa dadi juara.

“Lho, ditakoni kok malah mung mentheleng kuwi piyo to ? Eling he, eling he he he !” tanpa sadhar aku mung kamitenggengen nyawang dheweke, nganti lali ora aweh wangsulan.

“Eh, eh, sida kok, sida “, semaurku campur isin. “Si Wawan jarene wis ngatur, sopo-sopo sing kebagian nyiapke barang-barang kebutuhan resik-resik karo cat kanggo ngganti cat tembok sing lawas.”

“Oh ngono ya, OK lah, mengko aku mulih dhisik ya. Ora suwe kok, mung njupuk ganti klambi, supayane kepenak kanggo kerja bakti. Ora opo-opo to ?” Meh wae aku kamitenggengen maneh, panduk sawang-sawangan mripate kang kebaking cahya kuwi.

“OK, ora opo-opo kok”, ucapku, sanajan ing batin, “Dhuh Gusti paringana kiyat, kados rerujit manah kula nyawang putri kencana ing ngajeng kula punika.”Beja dene isa cepet-cepet nglerem atiku, banjur mbacutake, “Eh, karo maneh cedhak to omahmu.”

Dheg !!! Sakala kaya mandheg jantungku, bisa-bisane aku takon koyo mangkono. Kajiret ing rasa kaget, tambah kuwatir manawa dheweke ora kepranan, tanpa sadhar, mak brol kringet ing githokku.

“Eh sorry, sorry lho, monggo yen arep balik dhisik”, rada gulagepan anggonku kasil mbacutake, ndhisiki dheweke sing wis arep wangsulan.

“Lho, kenapa to kok katon gugup. Lucu lho kowe kuwi. Pancen omahku rada adoh, kira-kira ya 20 menit lah bolak-balik, cedhak rumah sakit kae lho, ngerti to? Tenan yo, ora opo-opo to?”, ujare karo nyawang aku sinambi mesem.

“Dhuh Gusti, kok tambah kaya mangkene atiku iki “, lagi sepisan iki aku ngrasake gugup ngadhepi wong liya. “Tenan kok, wong mengko paling ya padha maem awan dhisik neng kantin njero utawa neng es buah ngarepan” Aku isih kuwatir campur isin.

“OK, trims ya !”

“Hmmmmm “, sakala jero anggonku ngunjal ambegan, rada lega. Nanging, lho, lho kok dumadakan aku ngguyu dhewe ya ….

“Ahh, si Untung kae nganyelake kok, ndadak ngonangi barang”, esemku kelingan si rambut panjang, malih kecut kelingan konco sak-mejoku kuwi. Nanging Untung kae apikan tenan karo aku, kerep mbiyantu yen aku lagi butuh pitulungan.

Karo maneh, yen dheweke ngerti yo wis salumrahe, wong aku dhewe kerep ngalamun yen lagi neng kelas nampa pelajaran, ora kuwat kumudu-kudu nyawang si rambut panjang, sanajan mung saka mburi.

“Naaaang, Danang … “surup-surup kok ngalamun ngguya-ngguyu dhewe, ana apa to le ?” dumadakan swarane budheku mbuyarku anggonku ngalamun.

“Wah, mboten wonten punnapa-napa kok Budhe, namung nyawang nika lho, dik Riri putrane Pak Yusuf ngajeng griya nembe dolanan”, sumaurku rada ngapusi, karo gage-gage ngadeg.

“Iki wis arep Maghrib lho, kono gek ndang siap-siap menyang mesjid. Oleh jatah adzan opo ora dina iki ?”

“Oh, mboten Budhe, dinten punika si Agus ingkang kajatah. Sampun, kula tak wudhu rumiyin, mangke lajeng dhateng masjid”, bathinku mbacutake “Wadhuh, Budhe kuwi ngganggu anggonku ngalamun wae lho … “

***

Alon-alon sajak mangu-mangu anggonku jumangkah menyang mejane si rambut panjang. Amplop isi layang sing wis tak siapke mau bengi, tak gegem rapet. Maju mundur anggonku kepengin ngomong marang dheweke. Bola-bali, tak tonton maneh amplop biru nom gambar kembang kuwi. Mbuh, kaping pira anggonku nulis isine, sakdurunge tak putuske ngelem esuk mau bubar subuhan.

Perang ing bathin samsaya ora karuwan, nalika aku samsaya cedhak marang mejane. Dheweke katon lagi rembugan karo konco sak-mejane. “Dhuh Gusti, kados pundi kedahipun, kula wenehaken punapa mboten ?” pitakon campur donga, ngendheg lakuku kan mung kurang telung jangkah.

Dumadakan, “Eh, piye sida opo ora mengko bengi?” kancaku lanang saka kelas liya nyedhaki karo pitakon soko kadohan. Sakala kandheg lakuku, kaget campur bingung.

“Lho, sida no!” wangsulane si rambut panjang sajak sumringah, karo ngadeg lan nyawang kancaku lanang iku sing wis neng sisihe. “Eh, mengko bubar sekolah, mampir toko dhisik ya, isih ana sing kudu tak tuku. Wingi kae terus mbok ajak maem, jarene selak keluwen, malah dadi kelalen to“, ujare si rambut panjang, karo sajak rada manja.

“OK, OK, mengko tak eterake mampir toko wingi. Eh, neng kantin dhisik yo, mumpung isih lumayan istirahate”, kancaku lanang mbacutake.

“OK, kosik yo, tak tinggal dhisik”, ujare si rambut panjang, pamitan karo kanca sakmejane. Wong loro kuwi banjur lumaku bareng, katon yen wis padha-padha sarujuk ing atine.

“Eh …” , meh wae aku jumangkah karo nyeluk dheweke, bejane ora nganti kewetu. Aku mung iso nyawang, kanthi ati kang ora karuan. Tanpa sadhar, amplop kuwi tiba, temumpang, ngatonake jenenge si rambut panjang ing njero gambar kembang ….

***

“Mas, Mas … ngalamun to ?” swarane sisihanku gawe kagetku. “Wong mangku adhik kok yo disambi ngalamun lho. Coba kuwi dipirsani, adhik wis melek malah lho. Ih lucu tenan kok adhik iki “, sisihanku nyedhak terus lungguh ing jejerku, nyawang anakku mbarep sing lagi umur patang sasi.

Aku melu noleh, adhik pancen wis melek, malah kepara ngguya-ngguyu. “Ora kok, iki mau adhik wis bobok, lha aku melu-melu liyer-liyer “, wangsulanku sakecandhake.

“Ih, penjenengan kuwi mbok ora usah goroh, wong aku nyawang panjenengan gejumeng mesam-mesem dhewe ngono lho”, ujare sisihanku karo nyablek pundhak. Isin tenan aku nyawang bojoku. Bejane dheweke terus nyawang adhik maneh karo mbacutake “Wis ah, wis surup iki, pundi adhik tak gentenane olehe mangku, panjengenan durung siram to kawit kondur mau ?”

Rumangsa oleh kesempatan, age-age anggonku nyaut, “Eh iya, nganti mambu yo. Ning mambu-mambu ngene kan sliramu ora serik to, wong nyatane gelem njejeri ngono lho“, ujarku karo nyawang sajak nggodha. Sisihanku mencep, njiwit pundhak, terus nampani adhik sing tak wenehke ing pangkone. Kanthi gumuyu ngakak, aku cepet-cepet menyang kamar mandhi, selak konangan yen sakjane atiku isih mesem-mesam kelingan lamunanku mau.

Sak jroning kamar mandhi, aku mesam-mesem maneh krungu Pak Dar tonggo kiwa omah sing dosen jurusan pedhalangan, melu nembang campursarine Didi Kempot :

Opo iki sing jenenge,
wong kang lagi,
ketaman asmara ….

Yonago, musim gugur 2003

1 comment:

Anonymous said...

waduh dr. Tonang, tulisannya bener2 bisa membawa saya kembali ke jaman ABG dulu(jadi mesam mesem sendiri : ))nggak nyangka yaa ternyata cerita dlm boso jowo itu kalo dibaca n dirasain...jadi asyik dan seru abiss...btw ini kisah pribadi atawa gimana..hehe..saya tunggu deh tulisan2 lainnya dlm boso jowo lho yoo.. oya, thx ya Dok, blognya ok banget utk nambah pengetahuan!

salam kenal kagem Pk Dokter sekeluarga,

mamanyaRidhanif-milis sehat